Lilo
Opo wis ora kelingan,
Sumpah janjimu mung marang aku,
Sineksen lintang rembulan,
Jarene tresnamu mung, kanggo aku..
Wis nganti pitung ketigo ,
Nanging sliramu, ora kirim warto
Banjur saiki wis teko,
Kowe malah gandeng prawan liyo..
Ora nyono ora ngiro,
Kowe medhot taline asmoro,
Tresnaku kang tulus suci,
Ra mbok jogo, malah mbok blenjani..
Opo pancen wis nasibku,
Kudu pisahan karo sliramu,
Nanging abot jroning ati,
Mergo aku ra melu nduweni..
Lilo atiku wis lilo,
Nadyan batinku keloro-loro,
Nanging aku ra kuwowo,
Mergo atiku, wis kebacut tresno..
kembali dari awal
Pemberitahuan: Situs blog kami ini tidak menyediakan streaming ataupun download mp3 atas lagu di atas. Dan lirik lagu ini sepenuhnya hak cipta pemilik seperti yang di deskripsikan di atas. Kami hanya memudahkan untuk pengemar dalam mencari lirik lagu tersebut.